Buku Pinter Basa Jawa Krama-Alus iki katulis d?ning pangripta kanggo sinau guneman nganggo basa Jawa krama-alus utawa basa mudha-krama, yaiku basa Jawa krama sing lumrah kanggo guneman ing pasrawungan sadina-dina ana ing kulawarga lan ing masyarakat umum. Miturut pangripta, sejatin?, guneman nganggo basa Jawa krama-alus iku ora ang?l, waton kita gelem nggat?kak? tatanan?, kaya sing katulis ing buku iki. Muga-muga buku iki migunani tumrap para siswa SD, SMP, SMA, SMK, lan para sedulur sing padha marsudi lan nguri-uri basa Jawa, sing klebu kebudayaan adi-luhung, tinggalan? para leluhur kita, sing kudu kita lestar?kak?. Wasana, manawa ana sadulur sing karsa paring panyaruw? lan pamrayoga amrih sampurnan? buku iki, pangripta bakal nampa kanthi bungahing ati lan penuh ing atur panuwun.